Pagelaran wayang kulit utawa ringgit purwa mujudaken pagelaran lakon crita kanthi iringan tetabuhan gamelan. Pagelaran wayang kulit menika dados hiburan rakyat ingkang komplit. Dipunwastani komplit amargi wonten unsur-unsur lan filosofi ingkang dadosaken pagelaran wayang saged gayeng, kadosta seni sandiwara, seni tatah sungging, seni sastra, seni swara, seni karawitan, seni gerak. Sedaya unsur seni menika mboten saged madeg piyambak, menika dados setunggal kanthi garap ingkang endah lan laras. Dados wayang menika nggadhahi daya tumrap psikologi. Saben lakon ingkang dipunpentasaken menika wonten nilai-nilai luhur ingkang saged kapendhet.
Umumipun pagelaran wayang dipuntindakaken sedalu natas, dangunipun watawis 7 jam, inggih menika wiwit jam 9 dalu ngantos jam 4 enjing. Sawetawis lampahan ingkang dipunbabar dening dhalang mujudaken cariyos ingkang baku. menggah urut-urutanipun lan cak-cakanipun sampun wonten ancer-anceripun ingkang dipunwastani pakem. Ing saben adegan saking wiwitan dumugi pungkasaning cariyos sampun karipta kanthi urut dening para pinter jaman kina, ingkang saben adeganipun nggambaraken lelampahan panggesanganipun manungsa wiwit lair ngantos dumugining seda.
Supados pagelaran mboten monoton lan mboseni tumrap ingkang sami ningali, sasampunipun jejer pisanan wonten adhegan Limbuk Cangik Ian ing awal Pathet Sanga wonten adhegan gara-gara ingkang wedalipun kapetang dangu inggih watawis kalih jam satemah radi ngangseg adhegan sanesipun. Kajawi dhalang ngandharaken babagan perlunipun ingkang gadhah damel, ugi dipun-isi mawi hiburan, campursari, dhagelan lan sapanunggalanipun. Pancen saged dipunlenggana, bilih para dhalang kuwatos dipuntilar pandhemen satemah betah wekdal kangge sesambetan langsung kaliyan ingkang sami ningali sarta nambah perangan hiburan salebeting pakeliran.
Ing jaman kados wekdal menika pancen dhalang kathah ingkang nindakaken improvisasi saha kreativitas salebeting mbabar lampahan ing pakeliran minangka sarana kangge nambah gayenging pagelaran wayang kulit. Kanthi mekaten wayang saged tansah lestari amargi mboten badhe kecalan pandhemen, kalebet para generasi mudha. Namung kemawon salebeting ngembangaken pakeliran, dhalang ingkang kerata basanipun ngudal piwulang, kajawi suka lelipur ananging ugi kedah nggatosaken piwulang ingkang badhe dipunbabar. Lir-ipun wayang tetep ngrembaka dados tontonan lan tuntunan ingkang mawi tatanan.
Wayang punika boten namung sumebar ing Jawa kemawon, nanging ugi ing tlatah sanès ing Nuswantara. Pagelaran wayang sampun dipunakoni déning UNESCO ing tanggal 7 November 2003, dados karya kabudayan ingkang èdi pèni ing babagan cariyos dongèng lan warisan ingkang berharga sanget (Masterpiece of Oral and Intangible Heritage of Humanity). Suwalikipun, UNESCO nyuwun supados Indonésia njagi (preserve) warisan punika.

Srikandi |